Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Puji soho syukur monggo kita
unjukaken dhumateng allah SWT ingkang sampun paring nikmat lah
hidayahipun kangge kita sedoyo, sehingga kita sedaya saget makempal wonten ing
papan menika kanti kadaan sehat wal afiat. Solawat lan salam mugi katetepna
dhumateng nabi Muhammad sholallohualaihi wassalam dumateng para keluarga,
sokhabat, lan sedoyo umatipun dumugi akhir zaman samangkih amin.
Bapak ibu lan kanco-konco ingkang
kinurmatan
Wonten ing mriki kula bade matur
ingkang irah-irahan bahaya nipun ngagem narkoba lan obat-obatan
ingkang dipun larang, kito sedoyo sampun katah mirengaken pawartos, ningali
pawartosTV, menawi sok sinteno ingkang ngginaaken narkoba bade kenging bahayanipun
narkoba kolo wau antawisipun bade ngrisak badan, kesehatan bade ka ganggu,
pikiran boten saget jejek lan sanesipun gangguan .
Narkoba minongko obat ingkang dipun
larang, sak jatosipun baten kapareng dipun sade kanti bebas, awit tumrap sok
sinteno ingkang ngagem lan ngginakaken ateges piyambakipun sampun nglanggar
paugeman lan saget dipun paring pidono. Awit meniko kulo ngajak monggo kito
tebibi obat-obat terlarang meniko ampun ngantos kito cedak-cedak lan ngagem
ingkang meniko ateges sampun kumowanton nglanggar aturan saking pamarentah.
Ciri-ciri tiang ingkang remen
mengonsumsi narkoba inggih meniko :
1. Tiang ingkang remen menyendiri
mboten remen menawi kempal tiyang katah.
2. Tiyang ingkang remen wonten kamar
tertutup kanti nyetel music ingkang keras
3. Tiyang ingkang remen tongkrongan
wonten pinggir mergi
4. Tiyang ingkang ngelompok wonten
panggenan ingkang sepi.
5. Tiyang ingkang remen ngrokok
inggih condong dumateng minum minuman keras lan narkoba.
Awit meniko kulo ngajak dumateng
sedoyo rencang menawi manggihi sederek ingkang nggadahi ciri kadaos wonten ing
nginggil kito kedah wicaksono, lan ampun ngantos kito ketularan dumateng tiyang
ingkang nggadahi karemenan minum narkoba kolo wau.
Tiyang ingkang nggadahi karemenan
ngisap narkoba menawi dipun tinjau saking kesehatan, sangat ngrugekaken
dumateng badan kito, awit tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba
meniko gampil kenging penyakit-penyakit, antawisipun gagal ginjal, jantung lan
paru, sahinggo badan mboten sehat, lan inggakang paling bahaya inggih
kawontenan pikiran mboten saget dikendalikan kanti sae, remen ngomong ingkang
ngelantur, tindak tanduk kurang sopan lan sak penunggalipun, tiyang ingkang
remen minum narkoba gadah kecenderungan ugal-ugalan lan kirang hormat dumateng
tiyang sepuh lan sakkaminipun.
Tiyang mabuk mekaten mboten saged
dipun control kesadaranipun, sak kepaenaipun piyambak lan sopan santun ingkang
kirang, lan gadah kebiasaan ingkah rumaos paling hebat, naming sakjatosipun
tansah ribet lan gampil sakit.
Awit menika kula ngajak dhumateng
para warga masyarakat aja sepisan-pisano ngginaken narkoba lan obat-obatan
ingkang dipun larang lan kita ginaaken wekdal kanthi sae lan diginaaken kangge
hal-hal ingkang positif inggih punika : maca buku, olahraga sepak bola, olah
raga bulu batminthon lan sakpanunggalane..
Bapak ibu lan kanco-konco ingkang
kula hormati
Kanti pangertosan ingkang sampun
kulo aturaken lan sebataken wonten ngajeng kolo wau, kulo ngajak monggo kito
tansah njagi badan kito ampun ngantos ngginaaken barang ingkang dipun larang.
Mugi-mugi sesorahan wonten ing dinten menika migunani dhumateng kita
sedoyo lan andhadosna kita tiang ingkang becek. Ana kupat lawuhe santen menawi
wonten lepat kula nyuwon pangapunten..
Bilahitaufiq walhidayah
Wassalamu lalikum wr.wb
0 Komentar untuk "Contoh Pidato Bahasa Jawa : "bahaya nipun ngagem narkoba" "