Upacara Sadurunge Mantu
Lumrahe saiki upacara sing tumindak ing masyarakat
mung nalika tempuking gawe, iku wae ora komplit. Mangka miturut tata cara kuna,
upacara ing sadurunge mantu iku uga ana, malah akeh, kayata:
1. Nyalari
Carane wong tuwane bocah lanang kongkonan marang wong
sing pinitaya sing uga wis tepung karo wong tuwane prawan sing arep disalari.
Mula tugas nyalari mau uga kasebut dom sumuruping banyu (laku samar).
2.Nontoni
Menawa nyalari mau ditampa becik ateges si prawan isih
sela lan wong tuwane sarujuk, wong tuwane bocah lanang banjur medhayoh menyang
omahe si prawan, saperlu weruh kaya apa lan sepira ta bocah kuwi. Yen bocahe
lanang bisa diajak bisa uga ora diajak. Nalika sing tuwa padha jagongan, si
prawan didhawuhi ngladekake suguhan, ing kono tamu maspadakake (nontoni) bocah
iku kanggo tetimbangan jodho apa ora. Yen perlu diajak omong-omong.
3. Nglamar
Yen asile nontoni ketemu becik, wong tuwane bocah
lanang dhewe utawa kongkonan utusan wong loro utawa telu medhayoh ing
omahe wong tuwane bocah wadon mau saperlu resmi nglamar. Tembunge ‘ngebun-ebun
enjang anjejawah sonten’ (wangsalane: bun esuk= awun–awun; udan sore = rarabi
batangane = nyuwun rabi). Anggone waleh tamu mau cablaka: “ Yen wonten
keparengipun Bapak-Ibu X, putra-putri panjenengan ingkang sesulih gendhuk Y
badhe kula suwun, kula jodhokaken kaliyan anak kula jaler pun Z.”
Wangsulane wong tuwane bocah wadon: “ Matur nuwun, dene panjenengan
ngayunaken anak kula estri. Sanes dinten mangke badhe wonten utusan sowan mrika
atur wangsulan.”
0
4. Wangsulan
Wong tuwane bocah wadon kirim utusan medhayoh menyang
wong tuwane jejaka sing nglamar mau, aweh wangsulan panglamare ditampa apa ora.
Nalika nglamar tamune nggawa oleh-oleh saka ketan (lemper, wajik, jadah lan
rengginan) kanthi pangajab sesambungan dadi raket ora buyar. Yen utusan sing
aweh wangsulan iki oleh-olehe uga saka ketan, iku pralambang wangsulane
ditampa.
5. Pasok Tukon lan Pepacangan
Sarehne lamaran wis
ditampa, upacara candhake ana rombongan utusane wong tuwane bocah lanang
medhayoh pasok tukon, awujud dhuwit (lumrahe yen akeh disebutake, yen mung
sethithik ora dikandhakake, utawa manut dhawuhe sing utusan), sandhangan
sapengadeg kanggo si prawan, lan oleh-oleh. Ing kalodhangan iki si Y
dipacangake karo si Z, mula ing jaman saiki lumrah sinartan upacara liron
kalpika (tukar cincin).
6. Pasrah calon Manten/ Nyantri
Nyantri mujudake
tradhisi kang ditindakake dening calon manten kakung. Manut tradhisi sadurunge
upacara ijab ditindakake, calon manten lanang kudu dipasrahake marang wong
tuwane calon manten wadon. Sawise ditampa banjur dititipake ing omahe salah
sawijining sedulur utawa tanggane calon manten wadon supaya bisa nindakake
upacara sabanjure.
7. Pasang Tarub
Ing omahe CPW,
kira-kira 3 dina ngarepake tempuking gawe, dipasangi tratag lan tarub. Wujude
tarub yen biyen kudu nganggo bleketepe yaiku suwir-suwiran janur kuning, ing
kiwa tengening korining tarub dipasangi tundhunan pisang raja, tebu wulung,
gegodhongan mancawarna, lan godhong apa-apa, lan ora lali cengkir gadhing lan
godhonng waringin. Kabeh mau bisa diwaca dadi ukara bilih blakane nyuwun
sumawuring nur Illahi kanthi pangajab penganten bisa kaya dene raja lan
prameswarining nata kang nduweni antebing kalbu lan kencenging piker, anane
rubeda mancawarna tetep ora kurang sawiji apa, dene sing padha jagong sing keri
(durung mantu utawa during dadi manten) padha kepengin.
8. Siraman
Ing tarub iku ana perangan sing disedhiyakake kanggo
papan siraman CPW. Siraman lumrahe katindakake wayah sore bakda kendhuri tarub.
Dene siraman kanggo CPL uga bareng wektune, nanging papane pisah, yaiku ing
pondhokane CPL. Sadurunge upacara siraman, calon manten sungkem marang bapa
biyunge.
B. Upacara Tempuking Gawe
1. Sajen warna-warna
Sanajan saiki wis akeh
sing ora nindakake, amarga ora laras karo piwulang agama lan nalar ilmiah,
perlu kawuningan bilih miturut cara kuna, wong Jawa sing duwe gawe mantu wajib
gawe sajen utawa pasang sesaji warna-warna. Sing baku bakda pasang tarub, ing ndhuwur
tarub disajeni pisang raja setangkep (pisang sanggan tarub), iki kena dilorot
bareng karo pambungkare tarub. Gunane sejatine kanggo buwahe sing mbubrah
tarub. Dene sesajen sing akeh dhewe: brekatan lan ambengan kendhuri tarub,
ndongakake siraman manten supayane mantene sesuk rancag, slamet, lan ora kurang
sawiji apa. Sajen tumpeng robyong uga dipasang ing pedharingan
(senthong tengah), sajen kanggo kembar mayang, sajen tumpeng mancawarna
cilik-cilik kanggo buwangan mubeng desa (dalan mlebu desa, kreteg, buk,
prapatan, pratelon, lsp.) werdine iku publikasi menawa duwe gawe mantu. Mula
saiki ana sing duwe panemu, lha wong wis nyebar ulem, rak publikasi sajen
buwangan kuwi ora perlu, awit mboborosi. Yen pancen mantep ngono, sumangga.
2. Nebus Kembar Mayang
Kembar mayang utawa
Kalpataru sepasang kang aran Dewadaru lan Janadaru minangka srana (sajen
tuwuhan) kanggo dhauping panganten. Saiki sing gawe lumrahe Pak Kaum (utawa
sapa sing didhawuhi Pak Kaum). Sawise kembar mayang dadi ana upacara nebus
kembar mayang. Dene reracikaning upacara mangkene: Sing duwe gawe
mintasraya marang piyayi sepuh sing ing upacara iki dijenengi Ki
Wasitajati, supaya ngupaya sekar mancawarna (kembar mayang) minangka srana
dhauping putra. Ki Wasitajati nuli mangkat. Tekan nggone sing gawe kembar
mayang (ya ing papan saomah kono wae) sing ing upacara iki aran Ki Kumarajati,
Ki wasitajati takon ngendi ana kembang mancawarna kanggo srana dhauping
penganten? Ki Kumarajati mangsuli yen dheweke duwe, nanging kudu nganggo
tebusan. Sawise utusan ngulungake tebusane, kembar mayang diulungake lan
kaboyong dening pandhereke Ki Wasitajati (yen Ngayogya ibu-ibu sepuh, yen ing
Sala putrid-putri enom) dipapanake ing ngarep pedharingan (senthong tengah).
Jaman saiki kembar mayang nuli dipasang ing pedharingan dening sing gawe dhewe
(tanpa ana upacara nebus).
3. Midadareni
Bengi ngarepake tempuking gawe (malem ijab) nganti
tengah wengi diarani malem midadareni utawa widadaren, awit dipercaya minangka
wektu temuruning widadari. Tegese (a) manten wadon dicicil dipaesi (dikerik,
dilulur, rambut diratus, lsp.) supaya dadi ayu kaya widadari tumurun lan (b)
ana widadari tumurun tenan (juru paese) kang ndadani manten (nganti sesuke ayu
mangling kaya widadari tenan). Upacara iki dipirid saka crita Jaka Tarub, sing
nalika maesi Nawangsih anake, ngundang widadari Nawangwulan bojone, supaya
maesi anake wadon iku, dadi memper widadari. Wujude upacara midadareni para
sepuh padha tirakatan lan juru paes nyicil maesi kaya kasebut ing ndhuwur.
Kanggo cagak lek bisa dianani macapatan lan sarasehan. Dipungkasi tengah wengi
ana upacara Majemukan, yaiku ngrencak sajen kanggo dhahar bengi tumrap sing
padha tirakatan iku. Kuwi mau cara biyen. Dene saiki, midadareni ya mung
ketemu sakulawarga, sore (jam wolunan) udakara sakjam banjur dhahar lan bubar,
merga olehe maesi manten sesuk-esuk wae. Ateges kaya ora ana midadareni,
mundhak marahi sayah lan ngantuk. Cathetan: “yen biyen,
sadurunge midadareni iki, yen manten nglangkahi kakang utawa mbakyune, diarani
upacara plangkahan. Yen saiki, sing baku tembunge (pratelane) bilih kakang
utawa mbakyu mau nglilani kanthi ekhlas adhine ndhisiki dadi manten
.
4. Ijab utawa Akad Nikah,
Sejatine Ijab iki sing paling pokok, awit ya upacara
iki sing ngabsahake jejodhoan miturut ukum agama lan negara saengga lanang
wadon duwe layang nikah sah. Upacara bisa ditindakake ing KUA (Kantor Urusan
Agama) uga bisa ditindakake ing ngomah, kang banjur disambung karo upacara adat
sing baku dhewe, yaiku panggihing temanten.
5. Panggih (Temuning Penganten)
Sing baku manten lanang teka ing ngarep tarub, manten
wadon methukake. Kembar mayang sing diboyong saka njero (ngetutake manten
wadon) disamplukake manten lanang, banjur dibuwang ing prapatan utawa pratelon
sing cedhak. Banjur ana rerangkening upacara panggih yaiku:
a. Balang-balangan gantal / sadak
Suruh isi gambir lan injet dilinting ditaleni benang
lawe putih kanggo baling-balangan manten lanang lan wadon. Cacahe gantal ana 7,
sing 4 dicekel sing wadon (gondhang kasih), sing lanang kebagean 3 (gondhang
tutur), banjur kanggo balang-balangan mbaka siji. Werdine: baling-balang
katresnan. Suruh lumah lan kurepe beda, nanging rasane padha, dadi lanang lan
wadon iku beda nanging padha tresnane.
b. Mecah Antiga
Antiga utawa endhog pitik kampung sing isih mentah,
dening ibu juru paes disenggolake bathuke manten lanang lan manten wadon,
banjur dibanting nganti pecah. Werdine: pecahing wiji priya lan wanita kang
bakal mbabarake turun.
c. Mijiki Sikil
Manten wadon mijiki manten lanang nganggo banyu setaman
sing diwadhahi bokor utawa pengaron cilik. Werdine: wong wadon setya bekti
marang sing lanang.
d. Kanthen Asta
Yen ana wong loro napak pasangan (rakitan sapi utawa
kebo) banjur lagi kanthen asta(gandhengan) nganggo jenthik tangan kiwa (lanang)
lan jenthik tangan tengenn (wadon) nuli bebarengan mlaku tumuju ing dhamparing
penganten. Werdine: wis resmi dadi pasangane lan banjur bebarengan
nyanggemi kewajiban
e. Tampa Kaya (Kacar-kucur)
Tekan dhamparing panganten, manten lanang ngesok kaya
ing kacu gedhe neng pangkone manten wadon. Werdine; wong lanang wajib aweh
kaskaya (rejeki) marang sing wadon kanggo kabutuhane bale wisma.
f. Dhahar Walimahan
Sing lanang ngepel sega isi lawuh telung kepelan,
mbaka siji diwenehake sing wadon ditampani ing piring, banjur dipangan (telu
pisan sethithik-sethithik) disawang sing lanang. Werdine: ngecakake kaskaya
kanggo karaharjaning kulawarga.
g. Sungkeman
Manten lanang lan wadon urut-urutan sungkem marang
bapa biyunge lan maratuwane. Werdine: wajib bekti marang wong tuwa lan
mara tuwa.
0 Komentar untuk "Upacara Sadurunge Mantu"