Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah
Dhumateng Bapak lan Ibu guru
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani
Hadirin ingkang kulo tresnani
Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur
marang Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga
kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan
kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi
meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken
keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan
kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan
ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan
kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga
kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge
nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga
kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK
Negeri 1 Brebes menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge
nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak
positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane
resik.
Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten
klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh
0 Komentar untuk "Contoh pidato bahasa jawa"