TUGASKU

Kumpulan Tugas Sekolah

contoh pidato singkat bahasa jawa tema perpisahan



Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa Perpisahan Sekolah
Pembukaan Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.


Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.


Isi Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Penutup Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.







 Assalamu;alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek kaum muslimin saha muslimat ingkang kinurmatan.
Saderengipun mangga kita sesarengan ngaturaken pudya puji pudyastuti vvonten ngarsaning Gusti Allah SWT. dene kita taksih ami pinaringan rahmat hidayahipun, saha kula panjenengan sadaya
sami taksih pinaringan kasugengan karahaijan, saged makempal wonten ing masajid…………….mriki. Ing dinten punika tanggai 12 Rabiul awai tahun……………utawi tanggal……………wulan…………….tahun…………Masehi,
kita saged makempal wonten ing masjid ………..mriki, ingkangsaperlu mengeti dinten maulid nabi junjungan kita inggih punika kanjeng nabi Muhammad saw.
Kula minangka katua panitia penyelenggara pengetan maulid Nabi Muhammad saw. ing masjid………………..mriki, ngaturaken gunging panuwun dumateng para rawuh ingkang sampun kersa -nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi pengetan wiyosipun kanjeng nabi Muhammad saw ing panggenan mriki. Minangka pratandha sampun mantep lan raos sadar dumateng agami Islam
minangka pitedah kabagyanipun agesang wonten ing ngalam donya dumugi akhirat.
Wondene inti saking pengetan punika badhe dipun wedaraken bapak…………………saking………..
Kula kinten atur pambuka pengetan dinten maulid nabi ing dalu punika kula cekapi semanten kemawon. Selajengipun, mangga sesarengan paring tetenger bilih pengetan punika kita wiwiti “Bismillahir rahmanir rahiim”.
Cekap semanten atur kula, akhirul kalam billahit taufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun !.




 Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping sewidak pitu.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten
Bagikan :
+
Previous
Next Post »

Artikel Terkait:

0 Komentar untuk "contoh pidato singkat bahasa jawa tema perpisahan"

 
Copyright © 2015 TUGASKU - All Rights Reserved
Template By Kunci Dunia
Back To Top