Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah SMP Negeri 76 Yogyakarta Ingkang Kinurmatan,
Bapak Ibu guru saha Karyawan Karyawati SMP Negeri 76 Yogyakarta ingkang sinuba ing pakurmatan,
Saha kanca-kanca ingkang kula banggakaken.
Sepisan sumangga kita ngaturaken agunging panuwun wonten ngarso Alloh SWT, ingkang sampun paring kita mapinten-pintin kanugrahan saha kanikmatan sahinggo wonten titi wanci punika kita saget muwajahah ing halaman sekolah menika kanthi wilujeng tanpa alangan satunggal menapa. Sholawat lan salam mboten kasupen tansah kita kunjukaken dumateng nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW.
Bapak Ibu saha kanca-kanca ingkang kinurmatan,
Keparenga kula ing wekdal menika ngaturaken sekedik irah-irah babagan budi pekerti tumrap kita sedaya khususipun tumrap para wiranem konjuk nguri-uri budaya jawi. Menawi kita sedaya saged sami-sami njagi saha ngalaksanakaken budi pekerti kanthi sae saestu kegesangan kula panjenengan ing ndunya menika ugi bakal ayem, tentrem, saha bagya.
Sagung para rawuh ingkang satuhu bagya mulya,
Budi pekerti utawi ing bahasa jawi ugi kasebut kanthi nami “unggah-ungguh” ing wekdal menika sejatosipun sanget mrihatinaken. Masalah menika saged kita tuweni salebeting dereng mangertosipun para wiranem konjuk unggah-ungguh ingkang kedah kita sedaya mangertosi ugi laksanakaken. Mila saking menika kita kedah sami-sami sinau babagan budi pekerti tumrap tiyang sepuh kita, para sesepuh saha saking Bapak Ibu guru ingkang langkung mangertosi babagkan unggah-ungguh tumrap tiyang sanes.
Mekaten sekedik atur saking kula, kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten.
Wabilahitaufik Wal Hidayah, Wassalu’alaikum Wr. Wb
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan Mei tahun ;…….
Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun. Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane nabi saw. ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun :
“Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.”
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.
Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
0 Komentar untuk "Contoh pidato bahasa jawa"