Tata Cara Penganten Adat Jawa
Upacara pengantenan adat Jawa iku
salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-rangkeyanupacara
lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan
antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan
dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume
diselenggaraake neng daleme penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa
tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu
kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara
pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai
kemampuan ekonomi sosial kaluargane.
Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:
1.
Lamaran
Kanggo tulisan luwih gamblang
prakawis iki mangga pirsani: Lamaran pengantenan
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung.
Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten

Siraman
Kanggo tulisan luwih gamblang
prakawis iki mangga pirsani: Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.

Midodaren
Kanggo tulisan luwih gamblang
prakawis iki mangga pirsani: Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.

Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo
"asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing
bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras,
sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting
ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai
pas acara pesta penganten.
1.
Ijab
Kabul
Kadadosan
penting wonten hajatan mantu inggih punika ijab qobul. Kekalih calon
penganten ngucapaken sumpah wonten ing
ngajengipun naib ingkang dipunsaksekaken wali, pinisepuh lan tiyang sepuh
kekalih kaliyan para tamu undangan. Wektu akad nikah, ibu saking kekalih,
mboten ngagem subang utawi giwang supados wujudaken keprihatinan kadadosan
nikahaken utawi ngentasaken putra.
0 Komentar untuk "TATA CARA PENGANTEN ADAT JAWA"