1.
Upacara
panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad
nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo
metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo
ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten
kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran,
Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
2.
Upacara
balangan suruh
Upacara balang suruh minongko
perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.
3.
Upacara
wiji dadi
Penganten kakung ngidak endog pitik
nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten
kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala
keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.
4.
Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka
mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.
5.
Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake
kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.
0 Komentar untuk "TATA CARA PENGANTEN JAWA 2"