1.
Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane
Bapake penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang
anak lan mantu soho besan.
Kacar-kucur wujud dhuwit logam,
beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putri
minongko perlambang paweh nafkah.
3.
Dahar
Klimah
Penganten sak kloron dahar
dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan
seneng kanthi bebarengan.
4.
Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk
wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara
resepsi.
5.
Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem
nyuwun pangestu marang wong tuwa kekalih.
6.
Kenduren /
resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi
puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine
kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane
yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan
penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng
acara iki.
0 Komentar untuk "TATA CARA PENGANTEN JAWA 3"