TUGASKU

Kumpulan Tugas Sekolah

PIDATO BAHASA JAWA TENTANG KEMERDEKAAN RI



Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan Bapak kepala sekolah SMP 2 DAWE, Ingkang kinurmatan Bapak saha Ibu guru SMP 2 DAWE, Ingkang kinurmatan Staf lan Karyawan SMP 2 DAWE , lan mboten kesupen rencang rencang kula ingkang kawula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kula lan Panjenengan ngaturake puja-puji syukur dhumateng ing ngarsaning Gusti Allah SWT. Awit saking punika kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten ing adicara mengeti dinten kamardikan RI ingkang kaping 68 tahun, lan sholawat serta salam kula lan panjenengan sedaya njunjungake dhateng nabi kita nabi Muhammad SAW Mugi - mugi kita pikantuk syafaat ing dunya lan akhirat.


Salajengipun kula aturaken sugeng rawuh wonten ing adicara mengeti dinten kamardikan ingkang kaping 68. Kula minangka Juru pamedar sabda ngaturake maturnuwun marang para panitia ingkang sampun ngawontenake adicara punika kanthi lancar. Mugi-mugi adicara punika saged lumampah kanthi sae, Amiin.

Para rawuh ingkang kula urmati, sampun kaping 68 tahun indonesia merdika lan dados negara ingkang mulya, sejahtera lan makmur. Kula lan panjenengan sedaya kedah nuladhani dhumateng para pahlawan ingkang sampun berjuang mbrantas para walandi utawa penjajah sangking bumi pertiwi kanthi ngrenggut jiwa, raga, lan nyawa.

Kula lan panjenengan sedaya ingkang dados generasi muda bangsa kedah saged ngisi kamardikan punika ing sedaya bidhang, supadhos kita dados generasi ingkang sae kangge bangsa lan negara. Mugi mugi generasi generasi kasebut saged mujudake cita-cita negara adhe dasar wonten ing pancasila lan UUD 1945. Mugi-mugi usaha kita saged dipun paringi restu dening Allah SWT, Amiin.
Mekaten atur kula mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih bapak lan ibu sedaya, kula nyuwun pangapunten.

Akhirulkalam Wassalamu'alaikum Wr. Wb
.

Bagikan :
+
Previous
Next Post »
0 Komentar untuk "PIDATO BAHASA JAWA TENTANG KEMERDEKAAN RI"

 
Copyright © 2015 TUGASKU - All Rights Reserved
Supported by Yousound
Back To Top