TUGASKU

Kumpulan Tugas Sekolah

Pidato bahasa jawa pentingnya budaya


      Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Salam kasugengan saha karaharjan mugi tansah kajiwa
 kasarira dhumateng kita sedaya. Amin.

Bapak kepala  ingkang dahat kinurmatan
Bapak ibu guru saha staf karyawan  ingkang kula hormati
Saha kanca-kanca ingkang kula tresnani
Sumangga langkung rumiyin kita tansah ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Awit saking kemirahanipun kita sedaya tasih dipunparingi kesehatan saha kasarasan saengga kita sedaya saged kempal wonten ing papan menika tanpa alangan setungga menapa.

Wonten ing pepanggihan menika tema ingkang badhe kula aturaken inggih menika Pendidikan kegem nglestariaken kabudayaan jawa. Pendidikan menika gadahi andil inggang ageng anggenipun nglesatriaken kabudayaan jawa, jalaran saking pendidikan kebudayaan menika kita saged paring ilmu saha pituduh menapa-menapa kemawon ingkang wonten ing kebudayaan jawa. Kabudayaan jawa menika sakmenika sampun wonten ing jurang kepunahan, jalaran sampun sekedik generasi nem ingkang tertarik lan nglestariake kabudayaan jawa.

Kabudayaan-kabudayaan ingkang badhe ical menika saged dipun slametaken kanthi peran saking sekolah ingkang gadahi peranan ageng kagem pengkaderan generasi nem ingkang gadahi kemampuan wonten ing kabudayaan-kabudayaan jawa utaminipun kabuayaan ingkang badhe ical. Kanthi dipun biyantu kaliyan peran saking para siswa, insya Allah kabudayaan jawi menika saged lestari .

Pendidikan budaya menika saged dipun dadosaken pembekalan para siswa babagan kabudayaaan jawa. Saengga para siswa lulusan sekolah menika gadahi bekal babagan kabudayaan jawa saha siap terjun wonten ing tengah-tengah masyarakat kagem nglestariaken budaya jawa. Para siswa ugi saged nularaken ilmu ingkang sampun katampi saking bangku sekolahan dumateng masyarakat ingkang tasih awam babagan kabudayaan jawa saha siswa ugi saged ngangsu kawruh babagan kabudayaan jawa ingkan dereng dipunajaraken saking sekolahan. Saengga para siswa menika saged nampi pasinanon kabudayaan jawa saking kalih sumber inggih menika pendidikan formal utawi sekolahan saha saking masyarakat.

Mugi-mugi lewat pendidikan budaya menika generasi nem saged paring pambiyantu ingkang ageng kagem usaha anggenipun budaya jawa menika tetep lestari. 

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken,menawi wonten kalepatanipun,kula nyuwun agunging samudra pangaksami.Matur nuwun .
Wassalamualaikum Wr. Wb

Bagikan :
+
Previous
Next Post »
0 Komentar untuk "Pidato bahasa jawa pentingnya budaya"

 
Copyright © 2015 TUGASKU - All Rights Reserved
Supported by Yousound
Back To Top