Assalamu’alaikum
Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Poro bapak, ibu lan sederek
sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo
kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah
swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito
sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan
Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan Mei tahun ;…….
Perlu sanget kito sedoyo sumerapi
mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun
programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun.
Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos
pinten-pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken
utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados
umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados
umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane nabi saw.
ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun :
“Nggoleko ilmu iku senajan ona
negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi saben-saben
wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong
sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.”
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo
hormati.
Lan kelawan ngengeti dinten
pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken malih
anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi
ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing
dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.
Semanten ugi kito sumerap
bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Lan
mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah swt.
Amiin yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam.
Wassalamu’alaikum
Warahmatullahi Wabarakaatuh.
0 Komentar untuk "PIDATO BAHASA JAWA TENTANG HARI PGRI"