Assalamu’alaikum
Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Sederek sedoyo sebangsa lan
setanah air.
Wonten ing dalem suasana ingkang
berbahagiya niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo raos syukur dumateng
ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun, sehinggo
wakdal niki kito sedoyo saget kempal lan ngerawuhi acara niki kanti boten
wonten alangan setunggalin punopo-punopo. Mugiyo rawuh kulo lan panjenengan
sedoyo wonten gino lan manfaati-pun.
Shalawat lan salam mugiyo tetep
dipun paringaken dumateng nabi kito Muhammad saw. ingkang sampun maringi
pitedah lan bimbingan dateng umat menungso sehinggo sumerap lelampa-han ingkang
sahe ingkang kedah dipun lampahi lan lelampahan ingkang awon ingkang kedah
dipun tebihi ing dalem gesang saben dinten. Mugiyo kito sedoyo kelbet umat
beliau ingkang estu-estu ngamalaken ajaran Islam.
Kito sedoyo sampun sumerap mbok
beleh kemerdekaan niku ngerupekaken rahmat saking Allah swt. Milo saking niku
patut kito raos syukur dumateng Ingsun (Allah). Lan saben tahun kito sedoyo selaku
bangsa Indonesia ngengeti dinten pahlawan tepati-pun tanggai kaping sedoso
saking wulan Nofember. Lan wakdal niki kito sedoyo ngengeti dinten pahlawan.
Milo saking niku, monggo kito sedoyo enget lan mengertosi peristiwa lan
kedadosan-zaman niko, inggih meniko ageng sanget kepahlawanan bangsa kito,
khususipun kaliyan arek-arek suroboyo tepatipun tanggai sedoso Nofember tahun
1945. Ugi katah ingkang wafat ing dalem mbelo bangsa Indonesia lan tanah air.
Sedoyo niku dipun lampahi keranten raos remen lan cintaipun dumateng negari
Indonesia.
Kados pengendikane nabi saw., ing
dalem setunggalin hadits, ingkang artosipun :
“Cinta marang tanah air niku
ngerupekaken setengahe saking iman.”
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo
hormati.
Kelawan mengertosi pengendikane
nabi saw. niki kito sumerap mbok beleh cinta nang bangsa lan tanah air niku
ngerupekaken bukti sempurnonipun iman tiyang.
Akhiripun kulo cekapipun sak
manten sambutan niki mugiyo bermanfaat kangge kito sedoyo. Akhirul Kalaam.
Wassalamu’alai-kum
Warahmatullahi Wabarakaatuh.
2 Komentar untuk "PIDATO BAHASA JAWA TENTANG HARI PAHLAWAN"
trima kasih
trima kasih